B. Daerah

Pertanyaan

apa sing ndadekake prabu dasamuka nesu marang kumbakarna

1 Jawaban

  • Kumbakarna wegah maju perang. Akèh-akèh aturé marang Dasamuka kang wosé nyalahaké tumindaké kangmasé. Biyèn wis dièlikaké supaya mbalèkaké Dèwi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, nagarané rusak, saiki mbingungi. Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucapé bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, généya gelem mangan asil buminé teka ora gelem mbélani bumi wutah getihé kang wektu saiki diidak-idak mungsuh.

    Kumbakarna panas atiné. Kabèh panganan lan ombèn-ombèn sing mlebu wetengé sigra diwutahaké manèh ana ngarepé Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) bayu utah-utahané Kumbakarna. Gandané ora enak, marahi muleg-muleg ning weteng. Dasamuka sangsaya nesu, Kumbakarna diunèk-unèkaké sakatoké. Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing paprangan. Sedyané ora nglabuhi angkara murkané Dasamuka, nanging nedya mbélani lan ngrungkepi bumi wutah getihé kaya kang digambaraké ana ing Serat Tripama yasané pujangga Mangkunagara IV kaé. Wusanané Kumbakarna palastra ana paprangan. Irungé grumpung lan talingané pagas amarga dicokot lan disempal déningSugriwa. Tangané loro lan sikilé loro tugel kajemparing déning Rama. Sanadyan kari gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkasé Rama tumanen ing jajané Kumbakarna saéngga palastra.

    Patine Kumbakarna kanthi pérangané awak kang diprèthèli mbaka siji iku minangka piwalesé Ditya Jambumangli kang duk ing uni uga mati kanthi awak diprèthèli déning Resi Wisrawa, keng ramané Kumbakarna. Nalika semana ya Jambumangli iku kang dadi jago, ngadani sayembara perang ngadhepi para satriya kang bakal ngayunaké Dèwi Sukesi, kalebu Resi Wisrawa.

    maaf kalo salah

Pertanyaan Lainnya