Berikan 10 contoh tembung saloka ?
B. Daerah
AD1LAH15FATIN17
Pertanyaan
Berikan 10 contoh tembung saloka ?
1 Jawaban
-
1. Jawaban tessy
Tembung Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Sing ngemu surasa pepindhan iku manungsa, iso anggo pepindhan kewan utawa barang.
Pembahasan
Tuladhane tembung saloka, antarane :
- Bathok bolu (bolong telu) isi madu, tegese wong asor nanging sugih kapinteran.
- Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga-winga, tegese wong kang nesu banget.
- Gagak nganggo lare merak, tegese wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (Gedhe)
- Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah, tegese wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban.
- Garang garing, tegese wong semugih nanging sejatine kekurangan.
- Iwak lumebu wuwu, wong kena apus kanthi gampang.
- Jaran kerubuhan empyak, wong wis kanji (Kapok banget)
- Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega, tegese wong sing ora duwe papan panggonan.
- Kaya banyu karo lenga, tegese wong kang ora bisa rukun.
- Kebo bule mati setra, tegese wong pinter ning ora ana sing merlokake.
- Kenes ora ethes, wong sugih umuk nanging bodho.
- Kere nemoni malem, tegese wong kang bedhigasan/serakah.
- Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang, tegese wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep.
- Krokot ing galeng, tegese wong kang mlarat banget.
- Kurung munggah lumbung, tegese wong asor didadeke wong gedhe.
- Ngalasake negara, tegese wong sing ora manut pranatane negara.
- Ora gonjo ora unus, tegese wong kang ala rupane uga atine.
- Tumbak cucukan, tegese wong sing seneng adu-adu.
Pelajari Lebih Lanjut :
- Bedane tembung bebasan, saloka, lan paribasan, waca ing https://brainly.co.id/tugas/1721758
- Contohne tembung saloka, waca ing https://brainly.co.id/tugas/12309583
- Tembung Saroja, waca ing brainly.co.id/tugas/140119
Detail Jawaban
Kelas : VIII
Mapel : B. Jawa
Bab : Tembung Saloka
Kode : -
Kata Kunci : Tegese Tembung Saloka, Tuladhane Tembung Saloka, Contohe Tembung Saloka.
Pertanyaan Lainnya